Código QR
Avatar de Agung Kurniadi

Agung Kurniadi

AUTOBIOGRAFI Nama kula Agung Kurniadi, lahir ing Klaten, tanggal 10 Agustus 1992. Kula putra kaping kalih saking Bapak Eko Wahyu Priyono saha Ibu Sri Suyatmi. Kula gadah rayi kalih, ingkang mbajeng menika asmanipun Woro Ajeng Mulyaningrum, lan satunggal adik ingkang nama Damar Adi Kautsar. Griyanipun Bapak menika dumunung wonten ing Bawak Japan Talang Bayat Klaten, mila kula ugi tumut mapan wonten ngriku. Samenika kula kuliah wonten Universitas Negeri Yogyakarta, Fakultas Bahasa saha Seni, Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah. Awit saking kula tasih alit menika, kula sampun remen balbalan, voly, pingpong, badminton, lan sapiterusipun, ingkang wonten gayutipun kaliyan olahraga. Menawi dhaharan, kula remen sanged kaliyan sayur saha buah. Kula menika ajrih kaliyan tikus saha coro, awit saking kula kelas 2 SD. Kula miwiti sekolah saking TK utawi Taman Kanak-kanak wonten ing TK Pertiwi Tawangrejo. Sabibaripun lulus saking TK, kula nglajengaken dhateng SD Negeri 1 Talang. Sasampunipun kula lulus saking SD Negeri 1 Talang menika, kula nglajengaken sekolah dhateng SMP N 1 Cawas. Mlebet SMP N 1 Cawas menika ngginakaken tes, amargi sekolahipun sampun dados unggulan ingkang sae wonten sanglebetipun Kabupaten Klaten. Kathah kanca enggal ingkang kula panggihaken wonten ing SMP menika, amargi para siswanipun saking mawarna Kecamatan, lan ugi wonten saking njawi Kabupaten. Salulusipun kula saking SMP N 1 Cawas, kula nglajengaken sekolah wonten SMA N 1 Cawas. Papanipun SMA menika boten tebih saking papanipun SMP menika. Mila kathah sanged para kanca ingkang kula tepangi wonten SMA, amargi kathah siswa SMP N 1 Cawas menika ingkang mlebet SMA N 1 Cawas ugi. Kathah pengalaman ingkang kula pikantuk nalika sekolah wonten SMA N 1 Cawas. Boten naming ilmu bab pelajaran, ananging ugi ilmu bab pagesangan padintenan, ingkang saged kula dadosaken kaca benggala pagesangan. Sabibaripun lulus SMA, kula nglajengaken kuliah wonten ing Yogyakarta, lajeng milih mlebet wonten ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY menika. Kanca-kanca Mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah wonten UNY menika langkung mawarna-warna asalipun. Wonten ingkang saking Cilacap, Banjarnegara, Gunung kidul, Magelang, Boyolali, wonten ugi ingkang saking Jawa Timur, kadosta Trenggalek, Madiun, Banyuwangi, lan saking Ponorogo. Kathah basa jawi ingkang nembe kula mangertosi saking kanca-kanca kula ingkang beda-beda papanipun menika, ananging sedaya tasih ngginakaken basa jawi ingkang sae. Ingkang wigati, kanca-kanca menika tiyang ingkang dereng ical jawinipun. Wonten Pendidikan Bahasa Daerah menika kula pikantuk langkung kathah bab ilmu basa, subasita ingkang leres lan sae, saha pikantuk kathah piwulang utawi ajaran saking naskah-naskah jaman kina ingkang wosipun sae kangge pagesangan samenika.